Caritane bocah-bocah coklat ambabar
setya bhakti
Nglelana ing sadawaning sandhi
Kapacak kenceng ngayahi seshanti
Ngiber ing dhuwuring redi
Tanpa telesing waspa nanging tumetesing
ludira
Bocah-bocah anglarik kidung perjuwangan
Ngranggeh sabarang pacoban
Ndadar sakabehing pepalang
Ngoyak pepadhang
Iki carita saka pandhega-pandhega timur
Sing ngenger adipati tan masyur
Sing geganthilan ing luhur
Uga nrajang dukaning guntur
Lumantar sumpah sing sadasa
Ngekep sucining balung abanging ludira
Ngayomi sing tetangisan lelara
Nembang geguyu nglaras rasa
Utawa mung mesam-mesem agawe lerem
Semarang, 18
Maret 2013